Atur Pambagyaharja Adicara Manten Adat Jawa

Assalamu’alaikum warahmatullah wabarokatuhu

Ingkang  kinurmatan Kepala Desa Bantarsari
Para sepuh, pinisepuh ingkang satuhu kinurmatan
lan para rawuh ingkang kawula kurmati
                                                                                   
               
Puji syukur wonten ing ngarsa dalem Alloh SWT ingkang sampun paring rahmat lan hidayahipun sahingga kula lan panjenengan saged makempal wonten ing papan pilenggahan punika. Mugiyo kempalipun kula panjenengan saged kaetang dados amal silaturahim. Aamiin yarobal’alamin. Solawat saha salam kawula aturaken dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang mugiyo kula lan panjenengan pinaringan safa’atipun mbenjang wonten ing yaumul qiyamah. Aamiin.
Para rawuh ingkang kinurmatan,
Kula ingkang kasaroya Bapak Sumitro kalilanana kula matur,
1.                  Ngaturaken kawilujengan menggah karawuhan para rawuh sinedahan ingkang kinurmatan, ingkang sampun kepareng nglonggaraken panggalih bucal wedal nuhoni panyuwunipun Bapak Sumitro. Mugi karawuhan panjenengan tansah winantu ing karaharjan, saha tansah pinayungan Gusti ingkang maha kuwasa.
2.                  Matur nuwun sanget sedaya peparingan tali asih tanda tresna ingkang awujud punapa kemawon, sampun katampi kanthi bingah katarima ing manah. Ewa semanten Bapak boten saged atur piwales punapa-punapa, namung nyuwun dumateng ngarsaning Gusti, mugi sedaya peparing panjengan ingkang arupi punapa kemawon, kanthi iklasing panggalih  pikantuk lelintu ingkang matikel-tikel, saha dadosaken kuncaraning asma panjengan.
3.                  Ugi matur nuwun katur para tangga tepalih, sanak kadang, ingkang sampun paring pambiyantu, sahingga saged kalaksanan pahargyan punika kanthi lancar lan mboten wonten pepalang punapa kemawon.
Para rawuh ingkang winengku suka basuki,
Kaperluan ing dinten punika sampun kaperang ing serat sedhahan, Bapak Sumitro kagungan kersa hangemah-emahaken putra pawestrinipun Roro Ayuningtyas kadhaup Bagus Wahyu Al Fasyi putranipun Bapak Hadi Kusumo.
Kalaksanan ijab, panggih, saha tata cara adat kejawen sanes-sanesipun awit rahmating Gusti ingkang Maha Agung wimbuh kasembuh pudyastutinipun para rawuh kakung-putri, ginanjar wilujeng tanpa pambeng, rahayu tanpa reridu, yuwana nis ing sambekala.
Salajengipun nyuwun tambahing pangestu para rawuh, mugi-mugi panganten kekalih dados kaluwarga ingkang sakinah, mawadah lan warahmah, tansah rukun, runtung-runtung rerentangan suka bagya mulya, tansah runtut atut, pinaringan putra-putri ingkang soleh-solehah lan hanung-hanindhita.
Cekap semanten atur kula, mbok bilih katah kekirangan, kirang tata krami kula nyuwun agungin samodra pangaksami.

Wassalamu’alaikum warahmatullah wabarokatuhu


Komentar

Postingan populer dari blog ini

Sesorah kesripahan

Apresiasi musik Indonesia Gendang beleq