Sesorah kesripahan

Assalamu’alaikum Warahmatulloh Wabarokatuhu

Dumateng Kepala Desa Sidamaju ingkang kinurmatan,
Ingkang kawula kurmati wakil PT Makmur Jaya,
Mboten kesupen para rawuh ingkang kawula kurmati uga,
            Puji syukur wonten ing ngarsa dalem Alloh SWT ingkang sampun pinaringan rahmat sarta hidayahipun sahingga kawula panjenengan saget makempal wonten ing papan pilenggahan punika. Mugiyo kempalipun kawula panjenengan saged kaetang dados amal silaturahim. Amin ya robal ‘alamin. Solawat saha salam kawula aturaken wonten ngarsa dalem junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW. Mugiyo kawula panjenengan pinaringan safa’atipun mbenjang wonten ing yaumul kiyamah, alohuma amin. Matur nuwun dumateng para pilenggah ingkang sampun rawuh wonten ing siyang punika.
            Para rawuh ingkang kinurmatan,
            Sak derengipun adicara kawiwitan, kawula badhe maos susunan adicara upacara pamakaman jenazah ing dinten punika.
1.      Pambuka
2.      Sambutan sokhibul musibah
3.      Sambutan Kepala Desa Sidamaju
4.      Sambutan wakil PT Makmur Jaya
5.      Pamakaman janazah
6.      Pangungkapan janazah
7.      Panutup
Pramila, kangge miwiti adicara punika sumongggo sesarengan maos basmalah. “Bismillahirohmanirohim”. Mugiyo adicara punika saged kalampahan kanthi lancar lan pinaringan ridho saking Gusti Alloh SWT. Adicara ingkang kaping kalih inggih punika sambutan sokhibul musibah. Kangge Panjenengan Rhesa Mahardika kawula aturaken.
.           .           .           .           .           .           .           .           .           .           .           .           Mekaten, matur nuwun.
Adicara ingkang kaping tiga inggih punika sambutan Kepala Desa Sidamaju. Kangge Ibu Haning Kartikasari kawula sumanggaaken.
.           .           .           .           .           .           .           .           .           .           .           .           Mekaten sambutan saking Kepala Desa Sidamaju, kange Ibu Haning matur nuwun.
Adicara ingkang kaping sekawan inggih punika sambutan wakil PT Makmur Jaya, kangge Pajenengan Aras Beauty kawula aturaken.
.           .           .           .           .           .           .           .           .           .           .           .
Matur nuwun,
Adicara ingkang kaping gangsal inggih punika panyolatan janazah.
Adicara ingkang kaping enem inggih punika pangungkapan janazah
Adicara demi adicara sampun kalampahan, adicara ingkang pungkasan inggih punika panutup. Mekaten runtuting adicara ingkang sampun kalampahan, sumonggo kangge nutup adicara punika sesarengan maos tahmid. Kawula dhereaken “Alhamdulillahirobbil’alamin”.
Saking kawula menawa anggenipun andhereaken adicara wonten lepat, kawula nyuwun agungin samudra pangaksami. Matur nuwun dhumateng para rawuh ingkang sampun dhereaken adicara punika.

Wassalamu’alaikum Warahmatullah Wabarokatuhu


Komentar

Postingan populer dari blog ini

Apresiasi musik Indonesia Gendang beleq