Babad Pasir Luhur

BABAD PASIR LUHUR

Punika tanda caritanipun Kanjeng Pangeran Senopati Mangkubumi kala kaselamaken dening Sultan Demak. Wondening kang ingutus anyelamaken kang jejeneng, Patih Hedin, Patih Husen, Pangeran Makdumwali. Wondening dedamelipun, salebak sapacha saking Demak. Sareng dateng Pasir nunten sujud ki Dipati Pasir. Nunten angendika Patih Hedin, Husen lan Pangeran Makdumwali dateng Kyai Ki Dipati Pasir : ”Sapa sinten jeneng pakenira?”. “Inggih Banjak Blanak, wondening adi kula pun Banjak Geleh.” Nunten angandika Pangeran Makdumwali, Patih Hedin lan Husen : ”Pakenira arep selam ?” Mangka matur ki Banjak Blanak : ”Inggih sendika”. Mangka nunten dipun jekel astanipun dening Pangeran Makdumwali : ”Angucapa sira niti Darusalam”. Mangka anut ing wuruk nunten winaeruk sahadat kalimah kalih, tata sarengat agama Islam. Wong dening Ki Dipati Pasir lan Banjak Geleh sampun takluk sadaya. Sesampuning sapunika, lami-lami kondur Patih Hedin lan Patih Husen, wondening Pangeran Makdumwali kantun kapercaya anyelamaken jajahan Pasir.

Sesampuning sapunika Pangeran Makdumwali nunten adedepok sak lering pasetran winastan dusun Ambawanggula gumantung adamel Mesjid. Nunten nyelamaken jajahan Pasir. Sasampuning alam, mangka gadah prajanjian Pangeran Makdumwali dateng Patih Wirakencana anenggih Banyak Galeh ki Dipatih Pasir : Yen temen-temen aguru ing manira, yen mati wus pinesti bareng saluwang lan pekenira”.  Ature  Ki Dipatih Pasir ”Inggih dhahir batin boten kedap-kedap”. Sasampuning sapunika ki Dipati Pasir ketunggenah anyelamaken  nagara kulon ambaureksa lampahipun Pangeran Makduwali. Wondening kang tunggu dusunipun Pangeran Makdumwali saungkuripun mangilen, Prabu Hara. Wondening lampahipun ki Dipati Pasir kalih Pangeran Makdumwali, winiwit saking Keluntung bentas pagadingan, Indrajaya, Batulaya, Timbanganten, Ukur, Cibalunggung, Sareng dateng Cibalunggung nunten dateng seratipun Sultan Banten. Wondening ungeling serta, “Yen jengandika sampun nyabrang ngilen lepen Citarum wondening sabrang kilen sampun slam sadaya dening Sultan Banten”. Wondening ki Dipati Pasir kandeg lampahipun, minangka dados wangkid lepen Citarum, Sultan Demak kalih Sultan Bante. Sapunika angsalipun anjagaring wangwa Ki Dipati Pasir, wondening laminipun angsal tigang sasi aji wonten ing kilen. Sampuning sapunika nunten mantuk, marginipun medal Cirebon, Gebangbenton, Marujung, anjog Pasirluhur. Kacarita Ki Dipati Pasir lajeng dateng Demak, Sareng dateng Demak, katunggenah malih sanagara wetan, waslanipun Gegalang, Panaragan, Kajangan, Pasuruhan, Embat-embat, Salambitan anjog nagara Pati. Nunten mantuk dateng Demak sasampuning sapunika wonten tata dalem, ki Dipati Pasir katunggenah bumi cacah 8000 domas, lebak wukire pupus gembunge, bambang pengalun-alun lan amis bacine, mangulon sapek Krawang, ngetan Tugumangkang, ora anguningani wis tuwa ingsun maring ki Dipati Pasir alabecike . Anadene pekenira sun leler jenengan ”Pangeran Senopati Mangkubumi. Mulane ajeneng Pangeran, dene abangsa wali. Mulane Senopati Mangkubumi dene angrumati sakatahing nagara.
Sesampuning sapunika nunten tinundung mantuk. Wondening pamrentah dalem kala menjang pendak Mulud. Wondening bebektanipun kacarita jebug 1000 pikul, boten wonten pajeg kala sapunika. Jumeneng Pangeran Senopati Mangkubumi peputra ki Dipati Tole. Kacarita Sultan Demak seda, kagantosan dening paeka kang jejeneng Pangeran Trenggan. Lami-lami kacarita ki Dipati Pasir gerah. Dereng tumekeng pejah, dipun pendem ing kedung Welayan. Sultan Demak midanget werta yen Dipati Pasir gerah Sultan Demak utusan alayad. Kang ingutus kaum sekawan. Wondening timbalan Dalem, kaum-kaum: ”Sira Layaden, Dipati Pasir wartane gerah iku olihe si bapa anyelamaken, yen tinemu mati ayekena, yen tinemu urip tunggonana,” Kaum sekawan nunten lumampah dateng Pasir. Sareng dateng pasir, sowan dateng ki Dipati Tole lajeng sinapa : Pakenira wong endi ?”. Matur kaum sekawan : Inggih ki Dipati, kula ing Demak kautus dening Gusti kula yen rama jengandika kasilir gerah, Dipun utus anglelayad.” Wondening timbalan dalem kaum-kaum: Sira lungaa layaden ki Dipati Pasir, wartane gerah. Iku olehe sibapa, yen ketemu mati ayekena maring pakuburane, yen tinemu urip tunggonana.” Sapunika timbalan dalem angendika ki Dipati Tole: ”Iya sira ajekena maring pakuburan.
Kaum sekawan nunten lumampah dateng pakuburan. Satengahing wong ngaji, wonten suwara ”Kaum aku duduken Kaum? nunten malajeng mantuk asung uninga dateng Ki Dipati Tole, yen rama jengandika mlaku dipun duduk saking pakuburan.” Ki Dipati Tole nunten lumampah dateng pakuburan. Sareng dateng pakuburan nunten dipun duduk , dipun priksani, sareng dipun priksani mayit pinanggih pejah. Ki Dipati Tole nunten deduka dateng pun kaum : Kaum apa saka anggegoroh maring ingsun ! Bocah cekelan iku si kaum.” Nunten dipun cepeng kaum sekawan. Wondening kang kaloh dipun pejahi, kang kalih malih dipun pasung, dipun prapat, nunten binekta mantuk dateng dalem. Sareng dateng nunten tinundung mantuk dateng Demak sarta den kekalungi layang, isining lajang : “ Sira muliha matura maring bendaramu, yen ingsun ora arep selam, mulih jawa maning”. Kapan-kapan teka wong Demak, Kaum-kaum nunten mantuk dateng Demak, angaturi uninga yen kula katiwasan Abdidalem kekalih kang pejah. Layang katur nunten winaca. Unining layang : Yen manira ora arep ngawula, mulih Jawa malih.” Sultan Demak ngandika ki Patih kinen anglurugi dateng nagari Pasir. Wondening dedamelipun salebak sapacha. Marginipun medal pasisir ler anjog Brebes, Sareng dateng Muncang, utusan ki Dipati Brebes angaturi serat dateng ki Dipati Tole. Unining layang : ”Den jero lelarene, pekenira den kandel kutanira.” Satekane layang sepi Ki Dipati Tole wonten ing nagara Daha saweg acengkrama kasukan babadan raran-raran. Ananaur kaul anglubari ujar yen mati kanjeng rama, duwe ujar babadan raran-raran.
Sesampuning sapunika utusan dening Ki Patih Wirakencana, angaturaken priksa seratipun Sultan Demak. Sedatenging utusan linggar lan pamit mantuk. Sareng dateng Pasir, dandan kuta kubeng angerig jero tengah Pasir tapis wiringe rapih sadina sawengi. Nunten dateng musuh Demak. Dipun kepung angsal sesasi gangsalwelas dina boten bedah. Kacarita jamban kedaton, bendunganipun saking Situwangi dening mungsuh nunten dipun bedah. Geger tiyang sakedaton, boten dahar toya. Ki Patih Wirakencana neneda maring Allah, serekangat salam, nunten nencebaken cis ing pasujudan. Sareng dipun dudut medal toyanipun, nunten seger wong kedaton. Kacarita wong kedaton amasuhi iwak najis, nunten asal malih toyanipun. Sesampuning sapunika Ki Patih arembugan kalih Ki Dipati Tole. Ature kang paman : ”Anak, daweg kula aturi sujud ndika. Boten nangga amungsuhi wong Demak. Daweg kula aturi sujud, kula wedi, gede wong Demak”. Mangka juwet ature kang rama. Angandika Ki Dipati Tole : ”Paman, angadika apa wedi ing wong Demak, apa ndika ora duwe cecelek, ora duwe gegobel. ndika wedi ing wong Demak? Kang rama sakit manahe apitutur boten kangge nunten mantuk dateng dalem piyambak. Nunten anyerat layang, unineng layang : “ Kula boten tumut – tumut  sarengate Ki Tole. Sumangga ing kersa jengandika.” Serat binucalaken dateng jawining kuta, katampan dening Ki Dipati Curuwah Brebes. Nuten malebet dateng kormate Kadipaten, sareng malebet katingalan dening Ki Dipati Tole saking papanggungan. Angandika ki Dipati Tole :Bocah mara delengen ta. Sapa mandalane?”. Sareng kapriksan inggih yektos wonten umbul-umbul sanes wonten daleme rama jengandika. Angandika Ki Dipati Tole Yen mangkana, ala si paman, blorok atine si paman. Iya aku duwe ujar wong Pasir tedak pitu aja ana wong pepatih paman.”
Sesampuning sapunika kacarita salebetipun wong Demak priksa : ”Punapa jengandika Ki Patih ?” ”Inggih kapenakan saderek pisan.” Angendika wong agung Demak : ”Pajo, ing wong kepunge Ki Tole. Nunten perang sajroning kurungan. Kacarita kapetengan, kajineman. Wolungpuluh kang kulambi kere gempur, Ki Binalangkaja, Ki Sombro malajengasung uninga dateng Ki Dipati Tole. Nunten bobol sadaya kalanipun, sabalanipun medal lawang saketing kaing iring kidul anjog dateng lepen Logawa. Tinurut sapengandap anjog dateng Gandulekor sesampuna sapunika angendika wong agung Demak dateng Ki Patih Wirakencana, angendika : ”Susulan anak ndika, ndika cekelen”. Inggih sandika” Nunten dipun susul.
Perang dateng Gandulekor katingalan yen kang putra dereng nyabrang sadaya. Ki Pati Api-api kesurung anarik duwung. Kenedak lampahipun Ki Patih sareng sampun nyabrang sadaya, nunten agadeh atur-atur: ”Kadipundi priyayi lampah-lampahipun Ki Tole sampun nyabrang anjog Gambirsiring, hambeng, hadang, kepunglo, watukura, anjog Bonjok, sunten wangsul saking ganduliko. Sareng dateng Pasirluhur kalur lampahipun . Yen Ki Tole sampun njabrang ngidul.  Nunten angandika wong agung Demak yen manira ora nguningani salebak wikure, pupus kaebenge, bambang  pangalum-alume, njanjah sodo domas, sun srahaken marang ndika saking galani rakandika raja Namrul. Sun naloreka kenama gengeran senopati Hangkubumi jumeneng Ki Dipati Pasir. Lami-lami kasjarisa pinodak  pomahan abubak-bubak ing pasetran Pasir Kidul Kacariksa amendel wewirinihan Jambe’wangi, Klapawangi.
Kacarita Ki Dipati Pasir apuputra 30 kang kapenjar 10. Wondining dalemipun ing Pasir Kidul. Wondening guru kang kajeng Pangeran Makdumwali dedepokipun ing bang ler, wastanipun dusun Ambawanggulagumantung. Sareng sampun seda Pangeran Makdumwali, ingaranan Astana kidul Pasir Kadipaten. Wondening asalama peperdikane Sulaksan Demak, siweg alamipun Pangeran Trenggana, kang dados kunci panembahan pagul, tedak  saking Pangeran Prabukara. Sesampunipun, kacarita lami-lami ki Dipati seda. Angestokaken sajanjine gurune. Yen mati bareng saluwang, mila wonten ing asatana Ambawanggulangemantung .
Kacarita malih saweg gesang ngipun Ki Dipasti Pasir gadah putra 30  ingkang kapencar 10, ingkang dateng Medangagung Saketi apeputra Kyai Gede Sule ingkang dateng Waraejung nyai Lungge apeputra Kyai Gede Mingsir  kalih Kyai Bojong ingkang dateng gunung. Wangi Nyai Sabara peputra Kyai Gede Bilung, ingkang dateng Darmawangi Nyai Dewi Sangkeoni apeputra Kyai Gede Gambuh, kang dateng wira. Saba Nyai Sajula; kang dateng Ayah Nyai Gode Palumbangan; kang dateng penjarang Nyai Kelanjorkuning; kang dateng kawali putra Jaler kang jejeneng Mas Tangiri anadene kang anggatosi kadipaten Pasir kang ajejeneng Pangeran Perlangon. Pangeran Perlangon apeputra pangeran Langkap. Pangeran Langkap kamantu dening Panembahan Sesapu.
Sampuning sapuniko kacarita kala alam Pangeran Perlangon, kala alam Pajang gesah ingkang mamah sami dipun simbali sakalah ing para Bupati sedaya amung Ki Dipati Pasir kang boten lumampah amung wakil kiwala wondening dinamel wakil ingkang jeneng Ki Anglungbojong sarta dipun pulih angunjukaken kampuh domas kanjuk dateng Sultan Pajang. Sesampuning  konjuk  apriksa dateng  Ki Anglungbojong; Ora meyang Ki Dipati pasir?. Mature Ki Anglungbajang : ”Inggih Gusti saweg sakit rama jengandika. Wondening unjukipun yen wonten pelamelan, badan  kawula dadosa wakilipun Dipati Pasir.” Angendika Sultan Pajang : ”Apane Ki Dipati Pasir pakenira?’’.  Matur pun Anglungbajang : ”Inggih gusti tiyang angabdi.’’ ”Yen iya wong ngabdi ora sun tarima wus pakenira muliha, matura maring Ki  Dipati kang sun pundul anake dadiya wakile Ki Dipati Pasir”.  Pun Anglungbajang mantuk rinten dalu sareng dateng Pasir Matur: Yen kula sampun sampeyan utus  angunjukaken kampus domas inggih sampun. Nanging yen sampeyan wakil jarat kula, boten kedahar timbalan dalem. Putra sampeyan kang dipun pendet dadosa wakil dalem.
Sampuning sampunika angandika Pangeran Perlangon. “ Priye saikine Anglungbajang, anaku dewe isih cilik, durung kelar angembat watang. ”Yen kaya mangkono prentah dalem, epenten keponakan sing Mendangagung putrane Nyai Saketi kekasihipun Ki Gede Sule ; kang saking Harujung salaenggal putranipun Nyai lungge kekasihipun Kyai Gede Gumingsir, kang satunggal malih saking Gunung wangi putranipun Nyai Sabara kekasihipun Kyai Gede Ambilaung, kang satunggal malih saking Darmawangi putranipun  Nyai Dewi Sengkuni  kekasihipun Kyai Gede Gambuh. Punika putra sekawan.” Sesampuning sapunika, angandika Pangeran Perlangon  : Anaking sore sira sun anggo wakile ingsun. Sadulurina lanang isih cilik. Besuk wis gede asrahana.’’ Nonten anggendika dateng Anglungbajang: ”Sira aturna wakil ingsun maring Sultan Pajang.’’ Pun anglungbajang lumampah. Sareng dateng Pajang ingunjukaken dateng Sultan, nunten kadahan saunjukipun Ki Dipati Pasir.
Sesampuning sapunika nunten dipun lampahi negara Pasir dening tiyang sekawan. Lami-lami kesanggo selupatinipun tiyang Pasir, nunten sami gadah unjuk dateng pangeran Perlangon saweg Jumaeah Wondening unjukipun ki Gede Sole: ”Kula nuwun Pangeran, ing sampeyan Angunjukaken sangisipun putra-putra sampeyanipun adi-adi reh anglampahi ayahedalem ing mangke sampun sae ulu patinipun kasangga wondini unjaehipun putra-putra amuwaon rata-rata”. Angandika pangeran perlangon, ”Ya sira edumen salagi awake bumi iku jajal 8.000 domas kala alam Demak Pajang bareng alam Ki Gede Sari sunten besijad kapancen 1.300 ; kang 500 sun gaduaken maring Anglungbajang. Anadene kang damos iku bebengkoke dewek ya ing jero tengah pasir  anadine kali seroju maedik anjog sawangan kali klawing. Saking kali klawing mudik anjog kali sogra, saking kali sogra anjog kali Tusukan, saking kali Susekan  anjog kali Ares, minger angulon anjog kali jarwana mudik sapendaewun  anjog Andongkebonmingerangulan anjog kali wangkon, mudik ana dene anjog pangulane kaki tajum ana dene pangandepe anjog sawangan, ana dene pengeudike anjog Cibungur iku kandang cacah damos  ana dene dukuhe 100 punjul 8”. Mangka dipun edum dening Pangeran Perlanggon dipun prapat. Kyai Gede Gumingsir 25 jero tengah pakenira Cukangakar, anadene Kyai Gede Bilung 25 jero tengah pakenira Kalirajut. Amung Kyai Gede Sule kaduman 28 sabab iku den angga wadono, nanging Kyai Gede Bojong jabakena. Ana dene dukuhe Sirenggong lan Sigungsari si Cukang si Kranggan, ana dene manira amung si manjalima, manira nganggo pagodongan Pameniran lan mantra nggo ambaureksa jimat dalem. Manira arep angabekti mungguh maring Allah besuk wis gede sadulurira lanang den rembuk poma-poma anadene omah-omah ingkene wong papat kowe ing Pasir kidul, anadene manira arep anetepi ing pakuncen bareng kalawan Panembahan Pagu, nunten jumeneng Ngabei Kodul, Ngabie Wetan, Ngabei Lor, Ngabei Kulon, kala angarang ing Pasir anadene pun mancalima kalebet ing dusun 100 punjul 8. Kang 100 punjul 3 pinerapat windening cacahipun domas, anadene pun pancalima kajawi saking cacah domas Ki Gede bojong anjawi saking domas. Wondening domasipun Cukangakar 100 tuwuhipun Singasari, Gunungwangi 100 tuwuhipun Kanje ; Kaliracut 100 tuwuhipun Bonjok.
Amung gede Sule long tetijang pun Pasir kalih ; pun Canggih 100, pun Tamansari lan Kedungwuluh 100 pun Sidabowa, Peliken 100 pun Grengseng, Kedung randu, Petir 200 dados cacah domas sapunika keduk cekeripun ki Dipati Pasir kala saweg tigamasipun. Ana dene ki Angglung bajang dados kaliwon ageng, anadene linggihipun 500. Wondening gangsalatusipun negara Jaya 100 Babakan 100 Sindangbarang lan Pegadingan 100 Jambu, Tinggarjaya 100 ; Kedungwaringin. Lopasir 100 Anadene Bentar, Renggong, Gunungsari, Cukang, Kranggan kalebet gedonge Ki Dipati Pasir, saweg alam 800 domas. Sesampuning sapunika kacarita Ki Dipati Marujung jengkar saking kedaton anuturi sadulure dateng pasir den pernahaken dening Pangeran Perlangon ing dusun Bojongsari kekasihipun Kyai Buluskinukus kalih Ki Kalong Pengrawit, kala wonten ing Bojong jumeneng Kyai Gede Bojong. Sedulure Kyai Gede Gumingsir, Kyai Cukangakar, Kyai Langgong, Kyai Gede Bojong abubalik adedusun Ajibarang.
Lami-lami kacarita Ki Dipati Pasir kersa abebesanan anglamar, sareng dateng Gegerbeas den papag perang, mundur. Kang anglamar mantu dateng Kyai Dipati, nunten Kyai Dipati utusan dateng Ki Patih kinen amandet putrane Kyai Gede Bojong, mongka putri angical dateng gunung, milo wanastanan gunung Putri, kyai Gede Bojong asemu runtik dateng Kyai Dipati Pasir mangka, nunten kesah dateng Pajang angabdi anuwunaken tiyang kapitubelah mongka nunten Bendeng kalih Kyai Pasir angsal tiyang kapitubelah, mangka Ki Angglongbajang silep katumpangan dening Ki Gede Bojong, Ki Anglunbajang amung Windunegara, tedak tumedak dateng anak putunipun. Ana dene kapitubelahipun Bojongsari 100 tuwuhipun Ajibarang ; Nagara Jaja 100 tuwuhipun Windunegara ; penjarang 100, Babakan 100 ; Sindangbarang 50 ; Jambu 50 ; Tinggarjaja 50; Lopasir lan Kedungwringin 100 ; Cukang lan Kranggan 50.  
Sesampuning sapunika kacarita malih kalah Ki Dipati Pasir. Sesampuning Mrapat domas Pasir naunten nganggur. Kyai Ki Dipati Pasir amung pun mancalima dados Pagedonganipun lami-lami kang kekasih Panembahan Langkap tetapa ; Lami-lami kang rama seda ; Panembahan Tetapa lami-lami kang nama langkap mantuk saking pratapan anjog dateng Kartanegara, arabi angsal putrane Ki Demang Kertanegara lami-lami mantuk dateng Pasir, nunten angrabi putrane Kyai Kunci kang kajeneng Panembahan Sesapu. Pun pancalima kawarisaken dateng kang jejeneng Panembahan Langkap, ambau reksa jimat dalem. Sapa kengetan Panembahan Langkap yen lampitira nduni. Nunten dipun jaluk lampit dateng Kyai Gede Sule. Adi, Lampit kala jaluk, mapan si bapa warise dateng kula. Ature ki Gede Sule : Alian dalem alinggih kula sagrokan, pangucap kula sakecap, ambekan kula sademik panjijade rama ndika boten aweh, pandika menika den engge wakile mawon”. Ameksa den jaluk Ki Gede Sule mboten aweh ; panjakara arebut pampit. Ki Gede Sule ameksa mboten aweh. Kalane angrebut ing pasebane Kyai Pasir nunten wonten pinisepuh ajeneng Kyai Pengulu Dampayak asesapih ing Pangeran Lengkap. Kala gadah atur dateng sampejan yen njarengi kalih kersa sampeyan sampun sampen rebat ing jawi menang tata, kalah tata, aluwung ingajenan dalem.” Nunten sami bubar saking Pasebanan, mantuk dateng Astana.
Sampuning sapunika, carita lumampah dateng Pajang adedehing waringin kurung, konjuk dateng Kanjeng Ibu wonten abdi dalem tedak Dipati Pasir, anuwuhaken kelinggihanipun rama ndika Sultan Pajang : ”Yen kayamangkana, Patih timabalana maring jaba sami, nunten sami katimbalan Ki Pasir, Ki Singasari, Ki Bonjok, Ki Kace, sareng dateng Pajang nunten kapriksa ing ajengan dalem”. Aturipun Kyai Gede Pasir ”Inggih Gusti yektos, Yen punika putranipun tedak jaler, nanging bumi sampun binagi. Wondening kang anglampahi punika pun adi-adi tetayang agung sekawan kang anglampahi. Wondening punika mboten uman waris amung pun Mancalima kabekta ambaureksa jimat dalem, sebab angrabeni anake Kyai Kunci kang ajejeneng panembahan Sesapu.” Saren sapunika nunten angandika Sultan Pajang : ”Iku aja mangkana wong tengahan pakenira iyo anake Ki Purwukencana, iyo anak ingsun. Amundut wong 100 wong tengahan.” Ature Ki Gede Pasir, ”Ingih dateng sandika. 100 pun Singasantun sumangga konjuk ing ajengan dalem” Nunten kaparingan dateng Kyai Purwukencana. Aturipun Ki Purwukencana : ”Inggih sandika nanging jasad kula gadah unjuk ing sampeyan dalem kasuwun pasijan dalem sampeyan sabet ing lantaran dalem yen inggih satimbalan dalem sapunika jasat kula pun anganggur abdi dalem, nanging pun Mancalima kenging tetep ambaureksa jimat dalem mangka ngendika Sultan Pajang : “Punapa malih yen dika ajeng anganggur ambaureksa jimat dalem timbalan dalem katetepaken pun Mancalima dateng Panembahan Langkap. Panembahan Langkap tetep dados mantune Kyai Kunci.” Sampune sapunika ngendika Sultan Pajang maring wong Pasir lan Singasari, Kace, Bonjok yen pangeran Langkap sumeja anganggur amung karepe atunggu kunci sajijade Sultan Demak sakadang sengkere, salebak wukire prentahipun maring pakenika, lah aja wani-wani manira ara wani sajijade Sultan Demak pun perjanjiane Pangeran Makdumwali lan Ki Dipati Pasir kala saweg selamipun. Lan saler lepen Panjen dados lemah kaputihan, kidul lepen panjen dados Pasir Panewon Sultan Demak anetepaken sakramate Pangeran Makdumwali, yen kulon lepen Legawa lor watu Bangkong wetan lepen Kenas kidul lepen Pancur kala alam Demak pamardikane.”
Kacarita Pangeran Prabukara bebedah sawah adedepok ing kali Kareggo apeputra Panembahan Pagut. Sampuning sapunika sami mantuk panembahan Langkap kabektanan priyayi gandek kakalih kang ajeneng Ki Khotib Gandeja kalih Kyai Bangsa anetepaken jijade Sultan Demak, sareng dateng Pasir ; Nunten dipun larak kilen lepen Legawa mang lor Watu Bangkong, mbang wetan Kali Kenas, mbang kidul Kali Pancur, mangka nunten wini wetan saking Weringin gede angulon anjog lepen Legawa , dagan kedung Nambang ; Mudik anjog kedung Sawangan, mudik anjog kedung Bongas, mudik anjog kedung Garugak, mudik malih anjog kedung Tembalang gegulune nunten manjat ngetan nurut ngetan dedalan gede anjog watu Bangkong , burut ngetan anjog jurang Bandung, lepen jengok, nurut ngetan anjog rancah Jajawar, nurut ngetan njabrang kali Penasalan anjog alur rerambut kali Kenas, tinurut kali Kenas sapengandap anjog Sawangan kali Jengok mudik sawangan lepen karejo, mudik lepen karejo anjog rerambat kali karejo maning, wonten Sanggom Dampit tinurut ngulon anjog kali Pancur punika kandang sengkere jimat dalem jijade Sultan Demak. Sampuning sapunika sami mantuk dateng Pajang.
Kacarita Panembahan Langkap peprentah dateng sentanane samira ora ulih gawe sira pada deduka saweg abdi kekalih kang anglampahi kang ajeneng tuan Aris adedukuh ing Karang Sembung tuwuhipun Karang Tanjung, kang jeneng Ki Tuan Kambangan dedukuh ing karang Gude tuwuhipun Karang Talun. Sampuning sapunika nami-nami kacarita Panembahan Langkap undang-undang embebanan astana akerigan wong macalima Lumajang, Karanganjar, Kober, Kertajasa, Gegerlangu wetan, kidul, kulun, lor. Sareng kantun sacengkal, nunten dateng Kyai Gede Pasir angaturi uninga dateng Panembahan Langkap yen negara Pajang manggih sampun bedah, nunten bubar sami mantuk. Mila balasan ing mangkin manggih taksih angoblog, silep alam Pajang (tahun 1574 M) tuwuh alam Mataram,  jumeneng ki Gede Mataram nunten andawuhaken timbalan.
Yen Ki Patih kinen nimbali sakatahing para kunci, boten lami nunten dateng utusan dalem. Kang ingutus kekasihipun Ki Ngabehi Jabangsa, Ki Ngabehi Rajanata sareng dateng ing Astana Pasir andawuhaken timbalan dalem. “Kula Ki Kunci, andawuhaken timbalan dalem dipun utus asujud dateng Astana, sampuning asujud jengandika tinimbalan menjang, yen ratu jengandika ajeng angempaleken sakatahing para mantri sedaya. Ratu jengandika gerah ingkang manah. Sesampuning sapunika nunten asujud dateng Astana. Sesampuning asujud nunten adandan miang dateng Mataram, anunggang kapal wastanipun pun Joli, rencangipun anak putu gangsal welas. Marginipun medal jaman sewu kang angiring jenengipun Kyai Dalem Ki Jarap, Ki Tajem, Ki Tokol, Ki Tun Aris, Ki Tun Kambangan, Ki Tun Bendungan, Ki Giri Jaja, Ki Gule Tana, Ki Ngabdul Sukur, Ki Lebuh, Ki Geledeg, Ki Nadar, Ki Simuh, Ki Tun Raga. Sareng dateng Mataram katur dateng Ki Tumenggung Narapaksa pimondakaken ing Masjid Ageng. Nunten sinapa dening Kyai Tumenggung Mangunaneng sarta Ki Arya Panengpati, enjing nunten bineksa seba dateng Pangeran Martalaya, ingkang angaturaken Kyai Tumenggung Narapaksa”. Nunten ngendika dateng Pangeran Langkap : ”Andika kunci Astana Pasir”, nunten matur : Inggih jasad kula, Pangeran.  ”Sapa sinten kang ndika tunggu ?”. Matur Ki Kunci : Inggih Pangeran, tedak saking Demak kang kekasih Pangeran Makdumwali. Sapindahipun malih tedak ratu Pajajaran tedak saking Banjakcatra. Wondene kekasihipun Pangeran Senapati Mangkubumi, punika sabangsa ngelmu kalih pangeran Kalijaga lan Pangeran Makdum, Cirebon sarta Sultan Demak, malah tumut anjenengaken Masjid Demak.” Mangka angandika Pangeran Martalaya : Inggih tedak kusuma Waliyulah yen mangkana.” Nunten malebet Pangeran Martalaya dateng Kedaton matur dateng ratu, yen Kunci Astana Pasir kang sampun dateng, mangke wonten ing jero. Nunten angandika Pangeran Sedakrapyak : Sapa sinten kang den tunggu?”.  Matur Martalaya : Inggih Gusti tedak saking Demak kekasihipun P. Makdumwali, kaping kalih tereg ratu Pajajaran tedak saking Banjakcatra kekasihipun P.S. Mangkubumi sabangsa ngelmu lan pangeran Kalijaga lan Pangeran Makdum, Cirebon sarta Sultan Demak, malah tumut anjenengaken Masjid Demak.” Nunten ngandika Ki Gede Mataram : ”Yen mangkana jaluken puji dikire berkat dongane Ki Kunci lan sawabe kang ditunggoni lan tetepaken perdikane Astana Pasir dewek. Ora wani angowahi sajejade Sultan Demak dadiyo kaputihan sakadang sengkere, sira kongkonana maring jaba analurekaken sajijade Sultan Demak aja kawor lan Panewon.” Pangeran Martalaya nunten mois dateng njawi ngendika dateng Panembahan Langkap : Ki Kunci, ndika tompo timbalan dalem, dika den pundut puji dikire lan berkat dongane lan sawabe kang dika tunggu ratu dika sujud sakatahing para Bupati, para Mantri sedaya.” Matur Panembahan Langkap : ”Inggih Gusti tumut kula anedakaken maring Allah lan maring Rosullulah mugiyo kedepa prentahe sujud sakatahing para santri sadaya lan para Bupati sadaya”. P. Martalaja andawuhaken pangandika dalem Ki Tumenggung Narapaksa : ”Panenira undangaken marang wong tengahan, yen kunci astana Pasir den tetepaken perdikane, yen manira ora wani angowahi sajijade Sultan Demak. Kala alilinggihan Pangeran lan Panembahan Langkap sareng lan Tumenggung Mangunaneng. Nunten dateng Pangeran Senopati ing Ngalaga ataken dateng kang paman : ”Sapa sinten punika paman? Matur Pangeran Martalaya : ”Inggih Pangeran punika kunci Astana Pasir tinimbalan rama jengandika.  ”Sapa sinten kang tunggu ? inggih tedak saking Demak kekasihipun Pangeran Makdumwali.”

Sampuning sapunika tinundung mantuk, Panembahan Langkap binektanan gandek kalih kang ajeneng Ki Khotibruhman lan Khitibsulah sareng dateng Pasir, nunten dipun aturi priyayi macapat Ki Pasir, Ki Singasari, Ki Bonjok, Ki Kace. Sampun pepak sadaya priyaya tengahan priyayi gandek andawuhaken timbalan dalem, yen lampah kulu kinen analurekaken sajijade Sultan Demak sarta kinen anetepaken pun mancalima sarta sajijade Sultan Pajang, nunten sami udunan para kaum, sami utusan. Wontening Ki Pasir ingkang ingutus Ki Ngabas, Ki Singasari kang ingutus Ki Abdul Japar, Ki Kace kang ingutus Ki Sorap, Ki Bonjok kang ingutus Ki Ngabdul Jamal. Nunten sami lumampah dateng wana anderek utusan dalem. Winiwitan saking kidul Waringin angulon anjog lepen Logawa, dadagan Kedung Namba, mudik anjog Kedung Sawangan mudik malih Kedung Garugak mudik malih anjog dateng kedung Gijanti, mudik malih anjog dateng kedung Sabela, anjog watu Bangkong, lepen apa anurut ngetan anjog Curug Bandong, lepen Jengok nurut ngetan anjog rerancah Jejawar, angetan anjog kali Panasalan, anyabrang anurut ngetan anjog alur parambat kali Kenas, anurut kali Kenas sapangadep anjog Sawangan kali Kareo, mudik kali Kareo anjog rerambat kali Kareo anjog Sanggom Dampit anurut mangulun anjog margi ageng anurut anjog kali Pancur ing ngandap.                                     

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Sesorah kesripahan

Apresiasi musik Indonesia Gendang beleq