Makalah Bahasa Jawa Babad

MAKALAH BAHASA JAWA
BABAD PASIR LUHUR




Dening:
Sari Sugi Yuliana
X6 / 29


SEKOLAH MENENGAH ATAS NEGERI 1 KEBUMEN
Tahun Pelajaran 2012/2013


Atur Pambuka
BABAD PASIR LUHUR

Asslamu’alaikum Warahmatulah Wabarokatuhu
Puji syukur dumateng gusti Alloh SWT ingkang sampun anglimpahake rahmat sarta hidayahipun sahingga kula saged damel makalah “Babab Pasir Luhur” kangge salah sijining syarat munggah kelas.
Makalah punika ditulis kangge salah sijining wawasan siswa ngenani bab budaya jawa inggih menika babad. Amargi zaman saiki siswa sampun mulai nglupaake budayane dewe.
Dumadine makalah punika mboten luput saking dorongan lan bantuan saking pihak liya. Sebab iku kula ngaturake matur nuwun dumateng:
1.      Bapak Waldiyono, kepala SMA Negeri 1 Kebumen
2.      Wali kelas X6 Ibu Ani Asri Lestari
3.      Ibu Retnayu Ika P selaku guru Bahasa Jawa
4.      Wong tua kalih kula ingkang sampun paring dorongan lan dedonga
5.      Kanca-kanca ingkang sampun mbantu
Kula mangertosi menawa makalah punika katah lepate lan tesih adoh saking kasampurnaan. Sahingga, kula ngaturake pangapunten, lan ngarepake kritik sarta saran ingkang mbangun kangge kaleresane makalah punika. Mugi-mugi makalah punika saged dados manfaat lan saged nambah wawasan kangge kita.
Wassalamu’alaikum Warahmatullah Wabarokatuhu





BAB I
PURWAKA

1.1             Alasan Panaliten
Saiki budaya jawa mulai kalupakaake dening masyarakat. Masyarakat lewih seneng marang budaya asing ingkang mlebu menyang Indonesia sajalan kaliyan arus globalisasi. Globalisasi mboten sakabehane gawe dampak kang negatif, nanging perlu kita milah-milih apa kang kudu kita jiot saka globalisasi. Amargi niku kula nulis makalah punika supados masyarakat saged mangertosi tetang salah sijining budaya jawa yaiku babad. Babad yaiku cerita kang dumadi saka papan kang kondang. Babab ana ing jaman Mataram.
Kula jupuk babad Pasir Luhur yaiku amargi babad iki dumadine ing daerah Banyumas, daeraeh dewe. Saengga kita saged mangertosi babad daeraeh dewe yaiku Jawa Tengah. Babad iki uga ngaturake utawa nyritaake panyebaran agama islam ing daerah Jawa. Dados katah ingkang saged kita pelajari saking babad punika. Mboten ngenani masalah sejarah utawa budaya sawiji nanging uga ngenani agama.

1.2             Undheraning paneliten
1.      Apa isi Babad Pasir Luhur?
2.      Kepriye critane Babad Pasir Luhur?
3.      Urip ing jaman apa Babad Pasir Luhur?
4.      Nganggo basa apa Babad Pasir Luhur?
5.      Termasuk jinis apa Babad Pasir Luhur?

1.3             Tujuwan paneliten
Panulisan makalah punika duweni tujuwan kanggo   :
1.      Nguri-nguri budaya jawa
2.      Njelasake asal usulipun gelar Pangeran Senopati Mangkubumi
3.      Supados masyarakat saged mangertosi babad ngenani daerahe dewe
4.      Nyritaake panyebaran Islam ing wilayah Jawa
5.      Nggawe utawa dadosake masyarakat kang seneng marang budayane dewe, tarutama babad



BAB II
ANDHARAN

2.1 Isi Babad
                   Babad punika  nyritaake Kanjeng Senopati Mangkubumi kala kaislamaken dening Sultan Demak. Kang ingutus ngislamaken yaiku Patih Hedin, Patih Husen, lan Pangeran Makdumwali. Patih Hedin, Patih Husen, lan Pangeran Makdumwali lunga bareng marang Kadipaten Pasir kangge ngislamaken Ki Dipati Pasir. Ki Dipati Pasir yaiku dipati ing daerah Pasir Luhur. Jenenge yaiku Banyak Blanak lan adine yaiku Banyak Geleh. Banyak Geleh gegelar Ki Patih Wirakencana. Sesampuning Banyak Blanak lan Banyak Geleh purun nganut agama islam sautuhe, Patih Husen lan Patih Hedin kondur. Nanging Pangeran Makdumwali kapercaya ngislamaken daerah Pasir.
                   Pangeran Makdumwali adedepoking sak lering pesantren dusun Ambawanggula adamel mesjid. Pangeran Makdumwali saged ngislamaken sedaya masyarakat Pasir. Pangeran Makdumwali duwe nadzar utawa janji kaliyan Patih Wirakencana (Banyak Geleh) yaiku ngesuk menawa seda arep dikubur saliyang kaliyan Banyak Geleh. Makane mboten aneh ucape wali kasebut akhire dados kenyatan makam Pangeran Makdumwali kaliyan Raden Banyak Geleh/Patih Wirakencana (Pangeran Senopati Mangkubumi II) dados setunggal atap wonten Istana Pasir.
Pangeran Makdumwali lan Banyak Blanak kautus ngislamaken daerah kulon Pasir yaiku daerah Pariyangan. Prabu Hara ingutus kon tunggu dusunipun Pangeran Makdumwali. Lampahipun Pangeran Makdumwali lan Patih Blanak saged ngislamaken daerah Kaluntungbentas, Indrajaya, Batulaya, Timbanganten, Ukur lan Cibalunggung. Ing Cibalunggung wonten utusan saking Banten kang kautus dening Sultan Demak kanggo nyampeake menawa tugasipun Dipati Pasir ngislamaken daerah Pariyangan tekan sawetanipun lepen Citarum. Wondene kulon lepen sampun islam sedaya dening Sultan Demak. Tigang tahun Pangeran Makdumwali lan Dipati Pasir ing Pariyangan, teras kondur lan tindak menyang Demak diutus kanggo ngislamaken daerah wetan yaiku Gegelang, Ponorogo, Kajongan, Pasuruan, Embatembat, Sulambitan, lan Santenan.
                   Raden Banyak Blanak kautus Kanjeng Sultan Demak kangge ngerahake bumi wolungewu domas kang wates kulon yaiku tiang Krawang (udug Krawang), lan wates wetan yaiku Tugu Mengangkang, yaiku gunung Sindoro Sumbing. Arum lan eleke jeneng kang dialunke, diserahke sapenuhe dening Dipati Pasir Luhur (Raden Banyak Blanak). Kang dianugerahi gelar dening Sultan Demak, “Pangeran Senompati Mangkubumi”. 1.    Pangeran duwe arti sejenis waliyullah. Menawa Senopati Mangkubumi yaiku pernyataan Dipati Pasir Luhur sejatine Bupati Agung kang marengkuh katah Adipati kang bersedia tunduk kaliyan Dipati Pasir Luhur, Raden Banyak Belanak. Disaksikaken dening para wali gelar “Pangeran Senopati Mangkubumi” disandang Raden Banyak Belanak. Saterase Pangeran Senopati Mangkubumi (linilan) mantuk dateng Kadipaten Pasir Luhur diserahi putri 8000 domas.
                   Sultan Demak seda, lan kaganti dening Pangeran Trenggono. Dipati Pasir kaganti dening Ki Dipati Tole, putrane. Ki Dipati Tole murtad, nadiake Dipati Pasir suwe-suwe gerah. Nanging, durung seda Dipati Pasir sampun dimakamaken ing pemakaman (tanah pasir yaiku gedung I). Kanjeng Sultan Trenggono ngutus tiyang sekawan layad dateng Dipati Pasir lan ngendika yen tinemu mati layaden nanging nek tinemu urip tunggonanen. Tekane tiyang sekawan sowan Dipati Tole lan diparingi ijin layad. Salagi ngaji mbene sajus ana swara,
“Hai siro sekawan saking Demak, ngertio matiku durung sampurna, maka duduken kuburku.”
Wong sekawan matur dateng Ki Dipati Tole, salajenge kuburane dibunggkar. Nanging kang ditemoake amung mori. Loro saking tiyang sekawan dipateni lan loro liyane kupinge dipotong. Wong loro iku mulih dateng demak lan ngaturake dening Sultan Trenggono menawa Dipati Tole ora gelem islam.
                   Pangeran Trengggono ngutus patih nggempur Pasir Luhur. Sawulan Bendungan Situ Sekar di bongkar dening pasukan Demak, banyu banjir mlebu kota lan jambane sat. Geger tiyang sanegara ora dahar toya. Patih Wirakencana prihatin, lajeng nyuwun marang gusti Alloh solat saraka’at teras nancebake kerise ing pasujudan. Wektu dicabut, mancur banyu kangge nguripi wong sanegara. Suwe-suwe banyu dingo masuhi iwak babi, ndadosake banyune garing maning. Amarga kuwi Patih Wirakencana dateng maring Dipati Tole supaya gelem tunduk marang wong Demak. Nanging Dipati Tole kesuh lan gawe Patih Wirakencana isin kaliyan lara manahe. Akhire Patih Wirakencana metu saking istana.
                   Dipati Brebes lan Patih Demak memoni Patih Wirakencana diutus Sultan Trenggono supados nglumpuhake Kadipaten Pasir Luhur kang dijekel dening Raden Tole.
Patih Wirakencana ora kaboten, amarga wis lara ati. Pasir Luhur dikepung, rame-rame pasukan Pasir Luhur nglawan pasukan Demak. Pasukan Pasur Luhur bisa dilumpuhake, Dipati Tole kaliyan anak bojone kabur menyang arah kidul teras menyang arah wetan. Patih Wirakencana diutus dening Patih Demak supados memburu keponakane, Raden Tole. Raden Tole nerusake perjalanane menyang arah wetan kidul tekan Petanahan Kebumen teras menyang Desa Bocor.
Patih wirakencana mulih dateng Pasir Luhur kaliyan pasukanne. Sedaya pasukan Pasir Luhur pasrah dening Patih Wirakencana kepripun kondisi Kadipaten Pasir Luhur saterase. Patih Wirakencana njabat Dipati ing Kadipaten Pasir Luhur kanggo gelar Pangeran Senopati Mangkubumi II nglanjutake Dipati Banyak Blanak, Pangeran Senopati Mangkubumi I. Patih Demak nglaporake dening Sultan Trenggono ngenani kabar kasebut lan gawe seneng.
Kira-kira tahun 1528-an Pangeran Senopati Mangkubumi mindahake pusat pamrintahan Pasir Luhur menyang wetan lor arahe lan mbukak kota anyar kang jejeneng Pasir Batang. Pangeran Senopati Mangkubumi II njabat Dipati kurang lewih tahun 1527-1568. Sedaya tiyang Pasir Batang tan ana kang suwala, sedaya ngasihi Sang Pangeran Senopati Mangkubumi II. Tenang tentram pawongan ing Pasirbatang.
        
2.2 Analisis saka undheraning paneliten
                  Babad punika nyritaake Banyak Blanak (Kanjeng Senopati Mangkubumi) ingkang kaislamaken dening Sultan Demak. Salajenge Banyak Blanak uga saged ngislamaken katah daerah lan kagelar “Kanjeng Senopati Mangkubumi” saking Sultan Demak. Salajenge Kanjeng Senopati Mangkubumi seda kaganti putrane, Dipati Tole. Nanging putrane murtad. Konfik Demak lan Pasir Luhur dumadi, ngakibatake Pasir Luhur kalah lan Dipati Tole kabur. Salajenge Dipati Banjak Geleh njabat Diapati Pasir Luhur, adine Kanjeng Senopati Mangkubumi lan kagelar “Kanjeng Senopati Mangkubumi II”. Kanjeng Senopati Mangkubumi mindah pusat pamerintahan lan damel kota anyar jejeneng Pasir Batang. 
                  Babad Pasir Luhur hubungane erat kaliyan Kasultanan Demak, wektu kuwi Demak melu wilayah Kerajaan Majapahit. Kang njabat patih ing Majapahit yaiku Raden Fatah. Nanging, amarga konflik parebutan kakuasaan, Demak nglepasake awak saking Majapahit. Saking dukungan para wali Raden Fatah adamel kerajaan islam ing Jawa ingkang asma Kasultanan Demak. Amargi kuwi babad iki urip ing jaman Majapahit.
                  Babad Pasir luhur satemene saka basa jawa kuna. Tuladhane:
·         Nunten angendika Patih Hedin, Patih Husen, lan Pangeran Makdumwali dateng Kyai Ki Dipati Pasir: “Sapa sinten jeneng pakenira?”
·         Sasampuning sapunika nunten tinudung mantuk
·         Wondening timbalan dalem kaum-kaum: Sira lungaa layaden ki Dipati Pasir, wartane gerah. Iku olehe sibapa, yen ketemu mati ayekena maring pakuburane, yen tinemu urip tunggonana. 
·         Angandika Ki Dipati Tole : ”Paman, angadika apa wedi ing wong Demak, apa ndika ora duwe cecelek, ora duwe gegobel. ndika wedi ing wong Demak? Kang rama sakit manahe apitutur boten kangge nunten mantuk dateng dalem piyambak.
Babad Pasir Luhur iku kalebu jinising babad diangkate panguwasa wawengkon amarga nyritaake kisah gelar Kanjeng Senopati Mangkubumi.
BAB III
PANUTUP

3.1 Dudutan
                  Babad yaiku cerita kang dumadine saka papan kang kondang. Babad biasane nyritaake ngenani kerajaan. Babad uga kajupuk saka tembang macapat, dados tembang macapat lan babad erat hubunganipun.
                  Babad Pasir Luhur nyritaake gelar Kanjeng Senopati Mangkubumi kang kajabat dening Banyak Blanak, serta panurunan gelar Kanjeng Senopati Mangkubumi II marang adhine, Banyak Geleh.

3.2 Saran
                  Kita kudu mangerteni tentang budaya jawa lan asal-usule sahingga wawasan kita saged tambah lan budayane uga tetep lestari.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Sesorah kesripahan

Apresiasi musik Indonesia Gendang beleq