Mrosaaken Geguritan


Aja Ilang Dluhaku

                        Devit Harahap


Tumetesing udan wengi wis leren
Kamangka aku durung rampung mbasuh raiku
Pelangi wis kari sak warna kumlawe ing angkasa
Kamangka aku durung purna anggone ndedonga


Sepi wengi isih bakal lumingsir
Nyengkuyung esuk sing wis katon abang branang
Ing bang wetan tanda wahaye jingkat tumandang
Kamangsa sowanku durung sida kalaksanan

Terus kepriye nasibku ing dina mengko
Apa Gusti bakal ngampingi lang ngreksa
Dene rikala wengi durung sida dak sowani

Alhamdulillah, isih bakal ketemu dluha
Sampun Gusti, ingkang punika badhe kula laksanani
Kula sampun kecalan Tahajud Panjenengan ing wengi
Sampun ngantos kecalan dluha Panjenengan ing esuk punika
Sanajan tanpa nyuwun sajatosipun Panjenengan mesti paring reksa



Panjebar Semangat No. 5 – 30 Januari 2010


Prosa Geguritan

Aja Ilang Dluhaku

Wengi kang sejuk lan apik kanggo ndedonga wis rampung, nalika aku durung rampung wudlu. Fajar sodik wis katon ing langit nalika aku durung rampung ndedonga. Wengi kang sepi tumandang ing bakda tengah wengi nyengkuyung matahari kang cerah ingkang esih kasimpen ing bank wetan mratandaake wayahe pada tumandang nyambut gawe, nalika aku durung sida ndedonga marang Gusti Alloh. Terus kepiye nasibku ing dina mengko? Apa Gusti bakal ndampingi lan njaga, dene nalika wengi aku durung sida ndedonga.
Alhamdulillah, isih bakal ketemu Dluha. Gusti, kula badhe nglaksanani Dluha, kula sampun kecalan Tahajud ing wengi, ampun ngatos kula kecalan Dluha ing esuk punika. Sanajan tanpa nyuwun sejatinipun Panjenengan mesti njaga.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Sesorah kesripahan

Apresiasi musik Indonesia Gendang beleq